Lomba Egrang Bathok, Pengetan Hari Guru

Bantul, www.jogjatv.tv – Pengetan Hari Guru Nasional dipun pengeti kanthi suka parisuka. Awit saking punika dhateng saben sekolah dipun adani pengetan Hari Guru. Salah satunggaling Sekolah Dasar ing Bantul mengeti Hari Guru kanthi cara ingkang nyleneh.

Sasampunipun tumut upacara pengetan Hari Guru Nasional taun 2015, atusan siswa Sekolah Dasar Islam Terpadu Ar Raihan Bantul , tumut kridha nyleneh, ngubengi sekolahan ngginakaken egrang bathok utawi thuprok . Thuprok inggih salah satunggaling dolanan tradisional ingkang samangke wiwit kakiwakaken. Thuprok kadamel saking bathok, ingkang perangan tengahipun dipun bolong, lan dipun tangsuli. Cara ngginakaken thuprok kanthi dipun japit ngangge driji suku, dene tangsulipun dipun cepengi.

Kepala SDIT Ar Raihan Bantul, Triadmoko mratelakaken, pehak sekolahan sengaja ngadani pengetan Hari Guru kanthi cara ingkang beda, ancasipun kangge nepangaken wewengkon sakiwa tengen sekolah dhateng siswa sarta kangge nepangaken dolanan tradisional dhateng siswa awit dolanan tradisional yektinipun ngemot piwucal ingkang luhur.

Miturut rantaman SDIT Ar Raihan Bantul ugi badhe mbangun ruangan mligi kangge dolanan tradisional dene para siswa ugi badhe ajeg dipun tepangaken dhateng dolanan tradisional supados pana dhateng pigunanipun. (Anang Zainuddin)