Ende Sinau Siaga Bencana Dhateng Sekolah Siaga Bencana SDIT Ar Raihan Bantul


Bantul, www.jogjatv.tv – Kasilipun masyarakat bantul gumregah saking tumempuhing musibah alam lindhu ageng 2006 kapengker, kathah nampi pangalembana saking tlatah sanes ing indonesia. Boten mokal menawi lajeng kathah Pemerintah Daerah saking sanjawining rangkah ingkang dhateng Bantul saperlu sinau babagan siaga bencana. Kadosta ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Kabupaten Ende Nusa Tenggara Timur ingkang dinten Rebo siyang ngintunaken utusanipun sinau kesiapsiagaan bencana dhateng Kabupaten Bantul .

Perwakilan saking Badan Penanggulangan Bencana Daerah Kabupaten Ende, Dinas PU lan Akademisi Universitas Flores dinten rebo siyang tetinjo dhateng SDIT Ar-Raihan Bantul. Kanthi dipun ampingi dening petugas BPBD Bantul, para utusan punika sinau bab sekolah siaga bencana ingkang dipun cakaken dhateng SDIT Ar-Raihan. Wiwit taun 2013 kapengker SDIT Ar-Raihan Bantul pancen ngecakaken kesiapsiagaan bencana tumrap para siswanipun salebeting kurikulum pendidikan.

Dosen teknik sipil UGM ingkang ugi fasilitator kridha kasebat, Adam Budianto, mratelakaken dhatengipun perwakilan Pemerintah Ende punika inggih wujud studi komparasi langsung dhateng daerah ingkang nate katempuh musibah alam ingkang ageng. Bantul kawawas saged gumregah saking tumempuhing lindhu ageng taun 2006 kapengker lan patut nampi pangalembana lan kangge papan ngangsu kawruh bab cara ingkang dipun ginakaken kangge penanganan kebencanaan kasebat.

Mikail For a, utusan saking Kabupaten Ende nelakaken remen saged sinau langsung bab mitigasi lan penanganan kebencanaan ing Bantul. Kabupaten Ende ugi gadhah kerawanan bencana ingkang meh sami kaliyan Bantul, satemah wigatos wontenipun kesiapsiagaan masyarakat kanthi lumintu. Dene studi lapang ing Bantul punika kaajab saged suka seserepan enggal dhateng masyarakat ende supados tansah waspada bencana. (Anang Zainuddin)